





















1). BALE MANGU: panggonan kanggo ngadili wong luput.
2). BANGSAL: panggonan kanggo pasamuwan.
3). BESALEN: panggonan kanggo mandhe.
4). BOTHEKAN: wadhah jamu utawa bumbu kanggo masak.
5). BUBAT: panggonan kanggo ngadu samubarang.
6). CLUNTHANG: wadhah jangkrik.
7). ENDHONG: wadhah panah.
8). EPOK: wadhah kinang.
9). ESONG: growongan ing pinggiring kali; panggonan landhak.
10). GAYOR: kanggo nyenthelake gong.
11). GEDHOGAN: kandhang jaran.
12). GLODHOGAN: kanggo omah tawon.
13). GOWOK: growongan ing wit (dinggo susuh manuk).
14). GROBOG: kothak kayu gedhe kanggo nyimpen barang.
15). GUPIT MANDRAGINI: kanggo sare ratu.
16). IYAN: kanggo ngeler sega.
17). JODHANG: grobog kang dipikul sing isine werna-werna panganan.
18). JUN: wadhah banyu kanggo ngangsu.
19). KOMBONG: kandhang bebek, pitik, lsp.
20). PACRABAKAN: papan pamulangan, padhepokan panggonane wiku.
21). PADARINGAN: wadhah kanggo nyimpen beras.
22). PAESTREN: sawah ing sapinggiring kali.
23). PAGA: kanggo nyimpen bekakas pawon.
24). PAGAGAN: lemah sing ditanduri pari gaga.
25). PAGAJIH: lemah sing dumadi saka waleding kali (delta/tanah aluvial).
26). PAIDON: wadhah idu.
27). PANEPEN: papan kanggo nenepi, semedi, tapa.
28). PANTISARI: omah cilik ing satengahe patamanan.
29). PAPON: wadhah apu/injet.
30). PASANGGRAHAN: papan palereman/panginepan ing sajabaning kutha.
31). PASETRAN: papan kanggo mbuwang bangke.
32). PAYUDAN: panggonan jembar kanggo perang.
33). PINIHAN: papan kanggo ndhedher winih tanduran.
34). PLEGUNGAN: papan eyup kanggo leren sapi.
35). PLONCON: papan kanggo tumbak, teken, lsp.
36). PLUWANG: papan kanggo njebak kewan alas.
37). PRAGEN: wadhah uyah utawa bumbu.
38). PRANJI: kandhang pitik.
39). RANGGON: gubug ing alas kanggo leren utawa njaga kewan.
40). SLEPEN: wadhah rokok, mbako, klobot, sakancane.
41). SUDHUNG: grumbul omahe celeng.
42). TALA: omah tawon.
43). TALUN: panggonan ing pagunungan.
*) Kapethik saking pinten-pinten sumber.

